LATIHAN SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 7
LATIHAN SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 7
Kraton Surakarta ajeg nggelar acara grebeg saben tahun, yaiku Grebeg Sura, Grebeg Sawal, utawa Grebeg Mulud. Para warga tansah ngantu-antu acara kasebut, utamane Grebeg Sawal. Sebab ing acara iku mesthi ana rebutan gunungan kanggo ngalab berkah.
1. ancase para warga budhal menyang acara Grebeg sawal ing kraton Surakarta yaiku...
a. mengeti wulan sawal
b. ngantu-antu gunungan
c. gawe gunungan kang gedhe
d. ngalab berkah rebutan gunungan
2. Gagasan pokok pada pethilan kasebut, yaiku...
A. wernane acara Grebeg
B. kraton nggelar acara grebeg
C. warga ngantu-antu grebeg
D. rebutan gunungan ngalab berkah
3. Gatekna pethilan wacan iki.
Grebeg Sawal diadani ing dina riyaya kapindho. Para warga wus nunggu ing plataran Kori Kemandhungan lan masjid agung kraton. Diarani grebeg kanggo mertandhani umat Islam kang menang nindakake pasa jroning sawulan nutug.
Geneya acara kasebut diarani grebeg dening umat Islam?
A. Jalaran papane acara kasebut ana ing Kraton Surakarta.
B. Mratandhakake umat Islam menang nindakake pasa.
C. Bukti yen wong Jawa guyub rukun ing acara kasebut.
D. Mula bukane Kraton Surakarta tumraping wong Jawa.
4. Gatekna pethilan wacan iki.
Ing acara Grebeg Sawal, Kraton Surakarta ngetokake gunungan cacah loro, yaiku gunungan jaler lan gunungan estri minangka pralambang jagad iki isine lanang lan wadon. Gunungan kasebut diwangun lan direnggani asil bumi lan maneka jajanan pasar.
Perlambang jagad diwujudake gunungan jaler lan estri. Alesane....
A. uripe manungsa iku mung ana loro, lanang lan wadon, kang seneng rebutan bandha donya
B. manungsa ing ngalam donya iki kang nduwe tugas ngreksa alam saisine kang tinitah saka Gusti
C. gunung iku mujudake kekuwata alam kang ora ana tandhings dibandhingake manungsa
D. wong urip ing ngalam donya i pancen seneng rebutan bandh 8. Gatekna pet lan apa bae kang nuwuhake perkara
5. Gatekna pratelan iki.
1) sowan
2) mirsani
3) gunungan
4) tuku
5) dol
Manut pratelan kasebut, kang kalebu tembung andhahan mapan ing nomer
A. 1) lan 2)
B. 2) lan 3)
C. 3 ) lan 4)
D. 5) lan 5)
6. Gatekna pethilan wacan iki.
Nyawang patrape Gagak kang tansah umuk mau njalari kewan-kewan liyane padha kresah-kresuh dhewe. Kabeh rumangsa kaged nyipati Gagak kang saiki duwe patrap kaya ngono.
Nitik saka pethilan karangan kasebut, kang kalebu tembung lingga, yaiku....
A. nyawang
B. njalari
C. duwe
D. liyane
7. Gatekna pethilan wacan iki.
Gagak saiki ana ing njero kurungan lan ora bisa mabur bebas menyang endi-endi maneh, bisane mung nggetuni apa sing wis dilakoni. Dheweke lagi ngrumangsani, pranyata kekuwatan lan kaluwihan isih ana sing ngungkuli.
Pethilan crita "Gagak sing Umuk" kasebut diarani perangan karangan narasi....
A. Komplikasi
B. Orientasi
C. Reorientasi
D. Resolusi
8. Gatekna pethilan wacan iki.
Sawise sauntara wektu anggone mabur, pungkasane Elang lan Gagak tekan ing sawijine ara-ara amba. Ing kana ana salah sawijining bocah pangon sing lagi angon wedhus- wedhuse. Dumadakan Elang banjur nyaut salah sawijining cempe lan digawa mabur. Nyawang kahanan kaya ngono, njalari bocah pangon kaget ora bisa tumindak apa-apa.
Bocah pangon ing pethilan karangan kasebut tegese . . . .
A. bocah sing ngingu Elang lan Gagak
B. bocah sing duwe wedhus lan cempe
C. bocah sing angon kewan rajakaya
D. bocah sing nyawang ara-ara amba
9. Gatekna pethilan wacan iki.
Nyawang kahanan kaya ngono
njalari bocah pangon kaget ora bisa tumindak apa-apa.
Ukara pungkasan ing pethilan. karangan kasebut kang kacithak miring kramane...
A. Elang lan Gagak dugi ing sawijining ara-ara wiyar.
B. Wonten ngriku wonten lare pangon nembe angen menda.
C. Nyawang kawontenan kados ngono bocah pangon kaget.
D. Ningali kawontenan kados ngaten njalari lare pangon kaget.
10. Lare punika kaget lan boten saged tumindak napa-napa nalika ningali wonten peksi elang nyaut menda lajeng dibekta mabur, mesthinipun...
A. tumandang mugut sakathah- kathahipun amrih boten angen
B. boten sisah mbekta menda- mendanipun dhateng ara-ara
C. peksi dipungusah supados boten nggangu menda-mendanipun
D. nampi kanthi legawa jer sedaya kedadosan sampun garisipun Gust
11. Sekar Gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur. Tembung catur lan cinatur tegese ....
A. omong lan ngomong
B. ngomong lan omong
C. papat lan diomong
D. diomong lan papat
12. Gatekna tembang iki.
Aja nganti kabanjur, sabarang polah kang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos. Surasa luhur saka tembang kasebut supaya padha tumindak kang jujur. Jalaran yen ora jujur bakal nemahi kapitunan.
Miturut tembang kasebut, cara kang trep supaya ora kebanjur yaiku....
A. kudu jujur ing bab apa wae
B. 'B. yen ora jujur bakal ajur
C. rembugan supaya bener
D. sinau kawruh kang sejati
13. Pratelan ing ngisor iki kang cocog karo unen-unen "Tanpa tutur katula- tula katali" yaiku....
A. wong sing ora ngugemi pitutur becik uripe bakal sengsara
B. wong sing ora ngugemi pitutur 8. Watek kang kamot ing cakepa uripe bakal cilaka terus-terusan
C. wong sing ngugemi pitutur uripe bakal nemoni sengsara
D. wong sing ngugemi pitutur uripe bakal nemoni cilaka terus- terusan
14. Kewan ingkang kangge tuladha awon ing tembang Gambuh serat Wulangreh inggih menika....
A. kethek, gajah, lan babi
B. Bkidang, ula, lan gajah
C. gajah, kebo, lan kidang
D. baya, kebo, lan kethek
15. Watak ingkang ngendelaken panguwaosipun inggih menika....
A. pamer
B. adigang
C. adigung
D. adiguna
16. Ingkang dados paraga ngendelaken panguwaosipun inggih menika ....
A. kethek
B. kebo
C. gajah
D. kidang
Adiguna puniku,
angandelken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundhuweki,
sapa bisa kaya ingsun, toging prana nora enjoh
17. Gatekna tembang iki.
Adhedhasar tembang kasebut, tumindak kang pamer kepinterane diarani duwe watek....
A. adiguna
B. adiprana
C. adigang
D. adigung
18. Watek kang kamot ing cakepan tembang kasebut iku ora becik
jalaran....
A. pancen pinter samubarang
B. blaka suta marang sapadha padha
C. sregep sinau supaya pinter
D. ngaku pinter nanging ora bisa apa-apa
19. Gatekna tembang ing ngisor iki
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
Gancaran ing ngisor iki jumbuh kaliyan isinipun tembang Gambuh ...
A. Wateke wong kang duwe sipat pamer duwe kekuwatane awak, mula rumangsa paling kuwat. Kejaba iku uga watek kang nengenake kepinteran lan kaluhurane.
B. Wong kang ngendelaken kepinterane kanggo minteri wong liya. Perlune mung supaya wong liya manut karo kekarepane.
C. Wong kang duwe watek pamer kepinteran, kekuwatan, lan kaluhurane iku kabeh bakal mati. Ora ana kang urip selawase.
D. Watek pamer lan dumeh selawase ora bakal luhur, nanging njalari awake dhewe dadi asor.
20. Gatekna wacan iki.
Tumindake Pak Raden pancen ana becike lan ana ora becike. Pak Raden pancen urunan luhur, wong tuwane biyen pensiunan pejabat dhuwur. Mula saiki uripe mulya lan sarwa kecukupan. Sakjane tangga teparone ora masalah karo Pak Raden. Nanging emane, Pak Raden yen ngendikan dhuwur. Ing pasamuan warga arang ndherek. Pak Raden rumangsa duwe drajat luwih dhuwur tinimbang tangga teparone.
Nitik saka pratelan kasebut, wateke Pak Raden kalebu jinise adigung. Ing ngisor iki kang dadi alesane paling trep yaiku...
A. Tumindake kang rumangsa drajate luwih dhuwur lan tedhak turune wong tuwane pensiunan pejabat.
B Prelune dadi pejabat iku kudu guyub rukun marang tangga teparone ing sajroning kahanan apa wae.
C. Kabeh wong padha ing samadyaning bebrayan, ora ana bedane. Kang mbedakake amung kabecikane.
D. Yen prelu watek pamer iku didadekake panjurung ing satengahing masarakat, satemah padha gumregah.
Komentar
Posting Komentar